Minggu, 11 Januari 2015

TEMBUNG CAMBORAN

TEMBUNG CAMBORAN

Tembung camboran yaiku tembung loro utawa luwih sing didadeake siji. Manut wujude tembung camboran iku ana werna loro yaiku:
A.      Camboran utuh
Camboran utuh yaiku tembung loro ingkang utuh digabung kanthi runtut. Tuladha tembung camboran utuh yaiku meja tulis, lemari kaca, buku gambar, pager kayu, anjani putra, bima putra, dan sapanunggalane.
B.       Camboran tugel utawa wancah
Camboran tugel utawa wancah yaiku gabungan tembung loro ingkang saben tembunge namung ingkang dinggo sebagiane tembung kasebut.Tuladha  tembung camboran tugel yaiku:
1.         Bangjo saka tembung : abang +  ijo
2.         Barbeh saka tembung : bubar + kabeh
3.         Barji saka tembung : bubar + siji
4.         Bangcuk saka tembung : abang + pucuk
5.         Bulik saka tembung : ibu + cilik
6.         Cowek saka tembung : konco + dhewek
7.         Dewa saka tembung : gedhe + dawa
8.         Dhelik saka tembung : gedhe + cilik
9.         Dhekmu saka tembung : endhek + lemu
10.     Dhekwur saka tembung : endhek + dhuwur
11.     Dhegus saka tembung :  gedhe + bagus
12.     Dhemes saka tembung : gedhe + lemes
13.     Dubang saka tembung : idu + abang
14.     Gowek saka tembung : tonggo + dhewek
15.     Jiro saka tembung : siji + loro
16.     Jitus saka tembung : siji + satus
17.     Kakkong saka tembung : tungkak + bokong
18.     Kotcuk saka tembung : bongkot + pucuk
19.     Kongel saka tembung : bokong + cengel
20.     Kosik saka tembung : mengko + dhisik
21.     Kwelem saka tembung : kweni + pelem
22.     Lica saka tembung : lali + kanca
23.     Lijo saka tembung : lali + bojo
24.     Limak saka tembung : lali + anak
25.     Lingga saka tembung : lali + tangga
26.     Mahrep saka tembung : mlumah + mengkurep
27.     Paklik saka tembung : bapak + cilik
28.     Pakdhe saka tembung : bapak + gedhe
29.     Pakpuh saka tembung : bapak + sepuh
30.     Pangpel saka tembung : epang + sempel
31.     Perko saka tembung : emper + toko
32.     Rengning saka tembung : ireng + kuning
33.     Saerah saka tembung : sae + murah
34.     Tahteng saka tembung : mentah + mateng
35.     Tingwe saka tembung : nglinting + dhewe
36.     Tekting saka tembung : entek + mlinting
37.     Tutik saka tembung : metu + titik
38.     Thukmis saka tembung : bathuk + klimis
39.     Wandhak saka tembung : dhawa + cendhak
40.     Wulu saka tembung : sewu + telu
Manut tegese camboran uga kaperang dadi loro, yaiku:
A.      Camboran tunggal
Camboran tunggal yaiku tembung loro sing bedha tegese, dikanggo bebarengan, nanging nuwuhake teges anyar. Tuladha : Naga sari, Semar mendhem, Randha royal, Plinteng Semar.
B.       Camboran wudhar
Tembung camboran wudhar yaiku tembung loro sing bedha tegese, dikanggo bebarengan, nanging tegese tetep. Tuladha : Meja kursi, Pager wesi, Pager kayu, Sawo mateng
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yaiku:
A.      Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Tuladha: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Rerocèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
B.       Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Tuladha : jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Tuladha : Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.

2 komentar: